@junwatu/paribasa
Version:
Javanese Quote aka Paribasa
958 lines • 30.8 kB
JSON
{
"0": {
"paribasa": "Adhang-adhang tetesé embun",
"jawa": "Njagakaké barang mung trima saolèh-olèhé"
},
"1": {
"paribasa": "Adigang, adigung, adiguna",
"jawa": "Aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé"
},
"2": {
"paribasa": "Agama ageming aji",
"jawa": "Agama dadi panuntun tingkah laku lan bisa ngatonaké jatining dhiri"
},
"3": {
"paribasa": "Aja dumèh",
"jawa": "Aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané"
},
"4": {
"paribasa": "Aja golèk wah, mengko dadi owah",
"jawa": "Aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman"
},
"5": {
"paribasa": "Aji godhong garing",
"jawa": "Wis ora ana ajiné babar pisan"
},
"6": {
"paribasa": "Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana",
"jawa": "Aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé"
},
"7": {
"paribasa": "Alon-alon waton kelakon",
"jawa": "Aja kesusu, ananging ajeg garap apa kang dadi tanggung jawabé"
},
"8": {
"paribasa": "Ambeg parama arta",
"jawa": "Ndhisikaké tugas kawajiban sing utama"
},
"9": {
"paribasa": "Ana catur mungkur",
"jawa": "Ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik"
},
"10": {
"paribasa": "Ana dhaulaté ora ana begjané",
"jawa": "Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida"
},
"11": {
"paribasa": "Anak polah bapak kepradah",
"jawa": "Kalakoné anak iku apa waé sing nanggung wong tuwané"
},
"12": {
"paribasa": "Angon mangsa",
"jawa": "Golèk wektu kang prayoga kanggo tumindak"
},
"13": {
"paribasa": "Angon ulat ngumbar tangan",
"jawa": "Nyawang kahanan jalaran arep nyolong utawa tindak culika"
},
"14": {
"paribasa": "Asu belang kalung wang",
"jawa": "Wong asor nanging sugih"
},
"15": {
"paribasa": "Asu gedhé menang kerahé",
"jawa": "Wong gedhé lan nduwé panguwasa menang kuwasané"
},
"16": {
"paribasa": "Asu marani gepuk",
"jawa": "Marani bebaya"
},
"17": {
"paribasa": "Asu rebutan balung",
"jawa": "Rebutan barang kang sepélé"
},
"18": {
"paribasa": "Ati bengkong oleh oncong",
"jawa": "Wong sing nduwé niyat ala olèh dalan"
},
"19": {
"paribasa": "Baladéwa ilang gapitéĪ",
"jawa": "Wong kang ilang kaluhurané"
},
"20": {
"paribasa": "Banyu pinerang",
"jawa": "Pasulayané sedulur mesthi énggal pulihé"
},
"21": {
"paribasa": "Bathang lelaku",
"jawa": "Lelungan ngliwati panggonan sing mbebayani"
},
"22": {
"paribasa": "Bathok bolu isi madu",
"jawa": "Wong asor nanging sugih kapinteran"
},
"23": {
"paribasa": "Becik katitik, ala katara",
"jawa": "Tumandang apa waé mengko bakal bisa mangertèni endi sing becik endi sing ala"
},
"24": {
"paribasa": "Belo melu saton",
"jawa": "Wong bisané mung mèlu-mèlu, ora ngerti sing dikarepaké"
},
"25": {
"paribasa": "Bubuk olèh lèng",
"jawa": "Wong sing duwé niyat ala olèh dalan"
},
"26": {
"paribasa": "Busuk katekuk, pinter kablinger",
"jawa": "Wong bodho lan wong pinter padha-padha nemu cilaka"
},
"27": {
"paribasa": "Canthing jali",
"jawa": "Wong kang wis ora bisa diisi menèh pikirané kanggo èlmu"
},
"28": {
"paribasa": "Cathok gawèl",
"jawa": "Ora diajak rembugan, nanging mèlu-mèlu ngrembug"
},
"29": {
"paribasa": "Car-cor kaya kurang janganan",
"jawa": "Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik"
},
"30": {
"paribasa": "Cecak nguntal cagak",
"jawa": "Duwé kekarepan sing mokal bisa klakon"
},
"31": {
"paribasa": "Cecak nguntal empyak",
"jawa": "Gegayuhan kang ora timbang karo kakuwatané"
},
"32": {
"paribasa": "Aja cedhak kebo gupak",
"jawa": "Pawongan kudu bisa wicaksana anggoné kakancan"
},
"33": {
"paribasa": "Cincing-cincing meksa klebus",
"jawa": "Karepé ngirid nanging malah entèk akèh"
},
"34": {
"paribasa": "Criwis cawis",
"jawa": "Tansah mbantah préntah nanging sumadhiya nindhakaké"
},
"35": {
"paribasa": "Dahwèn ati opèn",
"jawa": "Nacad ananging arep dimelik dhéwé"
},
"36": {
"paribasa": "Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra",
"jawa": "Ora ana bédané babar pisan"
},
"37": {
"paribasa": "Dhemit ora ndulit, sétan ora doyan",
"jawa": "Tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngribedi"
},
"38": {
"paribasa": "Désa mawa cara nagara mawa tata",
"jawa": "Saben panggonan duwé cara dhéwé-dhéwé"
},
"39": {
"paribasa": "Diwehi ati ngrogoh rempela",
"jawa": "Nyuwun wis diparingi sithik, nyuwun sing akèh"
},
"40": {
"paribasa": "Dom sumuruping banyu",
"jawa": "Laku samar utawa meneng-menengan"
},
"41": {
"paribasa": "Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan",
"jawa": "Sanajan wong liya yèn ana ora kapénaké mèlu ngrasakaké"
},
"42": {
"paribasa": "Didhadunga medhot, dipalangana mlumpat",
"jawa": "Padha kethikan, sing siji api-api ora ngerti"
},
"43": {
"paribasa": "Durung pecus keselak besus",
"jawa": "Durung sembada wis kapéngin sing ora-ora"
},
"44": {
"paribasa": "Éman éman ora kaduman",
"jawa": "Karepé ngéman nanging malah ora kaduman dhéwé"
},
"45": {
"paribasa": "Emban cindhé emban siladan",
"jawa": "Siji lan sijiné ora padha pangrengkuhé (ora adil)"
},
"46": {
"paribasa": "Embat-embat celarat",
"jawa": "Nyambut gawé klawan ngati-ati banget"
},
"47": {
"paribasa": "Emprit abuntut bedhug",
"jawa": "Prakara sing sepélé dadi gedhé"
},
"48": {
"paribasa": "Endhas gundhul dikepeti",
"jawa": "Wis kapénak ditambahi luwih kapénak manèh"
},
"49": {
"paribasa": "Enggon welut didoli udhet",
"jawa": "Panggoné wong pinter dipamèri kapinteran sing ora sapiraa"
},
"50": {
"paribasa": "Entèk jaraké",
"jawa": "Wis entèk kasugihané"
},
"51": {
"paribasa": "Ésuk dhelé soré témpé",
"jawa": "Méncla- ménclé"
},
"52": {
"paribasa": "Gagak nganggo laring merak",
"jawa": "Wong cilik tumindak kaya wong gedhé"
},
"53": {
"paribasa": "Gajah alingan suket teki",
"jawa": "Lair lan batin ora padha, mesthi bakal katara"
},
"54": {
"paribasa": "Gajah elar",
"jawa": "Sarwa gedhé lan dhuwur kakarepané"
},
"55": {
"paribasa": "Garang garing",
"jawa": "Wong sumugih nanging sabeneré kakurangan"
},
"56": {
"paribasa": "Gupak puluté ora mangan nangkané",
"jawa": "Mèlu rekasa nanging ora mèlu kepénak"
},
"57": {
"paribasa": "Gegedhèn empyak kurang cagak",
"jawa": "Kagedhèn kakarepan nanging ora kuwawa nandangi"
},
"58": {
"paribasa": "Golek uceng kèlangan dheleg",
"jawa": "Kapingin antuk sing luwih aji malah kélangan apa sing wis diduwèni"
},
"59": {
"paribasa": "Harda walépa",
"jawa": "Tumindak sing ora patut, ditakoni malah ganti takon"
},
"60": {
"paribasa": "Hasta kukila warsa",
"jawa": "Pralambang saka wong urip nalika wis tuwa umuré"
},
"61": {
"paribasa": "Hèr gung raja manah anung",
"jawa": "Wong sugih, pangkaté dhuwur, lembah manah, lan ngurmati sapadha-padha"
},
"62": {
"paribasa": "Hèru cakra",
"jawa": "Sang raja sing dipercaya ngeculaké rakyaté saka kasangsaran"
},
"63": {
"paribasa": "Holopis kuntul baris",
"jawa": "Nindakake pagawéyan bebarengan"
},
"64": {
"paribasa": "Hyang kalingga surya",
"jawa": "Panuntun gedhé sing bisa ngayomi lan misuwur ing bebrayan"
},
"65": {
"paribasa": "Hyang Sukma Adiluwih",
"jawa": "Kabèh sing ana ing donya iki wis dadi karsané Gusti"
},
"66": {
"paribasa": "Idu didilat manèh",
"jawa": "Narik manèh ukara-ukara sing wis diujaraké"
},
"67": {
"paribasa": "Idu geni",
"jawa": "Apa sing diujaraké mesthi kedadèn"
},
"68": {
"paribasa": "Ilang jaraké kari jailé",
"jawa": "Sipat wicaksanané ilang, kari sipat alané"
},
"69": {
"paribasa": "Ilang leginé kari ampasé",
"jawa": "Wong sing wis ora bisa mènèhi paédah, dilalèkaké jasané"
},
"70": {
"paribasa": "Ilang-ilangan endhog siji",
"jawa": "Wong tuwa sing wis ora gelem ndhaku anak amarga duraka"
},
"71": {
"paribasa": "Ilu-ilu kapiluyu",
"jawa": "Wong sing senengé mung mèlu-mèlu"
},
"72": {
"paribasa": "Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani",
"jawa": "Pamimpin nalika ana ing ngarep kudu bisa dadi patuladan, nalika ana ing tengah bisa nggatokaké rakyaté, lan nalika ing buri bisa mènèhi panyengkuyung"
},
"73": {
"paribasa": "Ing sandhi praléna",
"jawa": "Wong sing tumindak wewadi lan grusa-grusu saéngga gawe cilaka wong liya"
},
"74": {
"paribasa": "Iwak lumebu wuwu",
"jawa": "Wong sing gampang kapusan amarga bodho"
},
"75": {
"paribasa": "Jail mringkil",
"jawa": "Wong sing tumindak ala ora patut didadèkaké kanca"
},
"76": {
"paribasa": "Jajah désa milang kori",
"jawa": "Wong sing seneng lalungan lan nyawangi akèh papan panggonan"
},
"77": {
"paribasa": "Jalma angkara mati murka",
"jawa": "Kangèlan amarga nesuné dhéwé"
},
"78": {
"paribasa": "Jalma limpad saprapat tamat",
"jawa": "Wong kang duwé daya linuwih bisa weruh sadurunge winarah"
},
"79": {
"paribasa": "Jamur ing mangsa katiga",
"jawa": "Kahanan sing arang kadadèn"
},
"80": {
"paribasa": "Jaran karubuhan empyak",
"jawa": "Kapok banget"
},
"81": {
"paribasa": "Jarit lawas ing sampiran",
"jawa": "Duwé kalantipan nanging ora digunakaké"
},
"82": {
"paribasa": "Jer basuki mawa béya",
"jawa": "Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat"
},
"83": {
"paribasa": "Jati katlusuban luyung",
"jawa": "Wong-wong apik sing kalebon wong-wong ala sing banjur ngrusak"
},
"84": {
"paribasa": "Jiniwit katut",
"jawa": "Yèn sedulur sedhih mèlu ngrasa sedhih"
},
"85": {
"paribasa": "Jujul wuwul",
"jawa": "Prakara sing tambah angèl"
},
"86": {
"paribasa": "Jurang growah ora mili",
"jawa": "Wong sing mesthi mblénjani janji"
},
"87": {
"paribasa": "Kacang mangsa ninggal lanjaran",
"jawa": "Sipaté anak ora bakal béda adoh karo sipaté wong tuwané"
},
"88": {
"paribasa": "Kadang konang",
"jawa": "Ngakoni sadulur mung karo sing sugih-sugih"
},
"89": {
"paribasa": "Kalah cacak menang cacak",
"jawa": "Samubarang pagawéan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané"
},
"90": {
"paribasa": "Kandhang langit kemul méga",
"jawa": "Wong kang ora duwé omah"
},
"91": {
"paribasa": "Katon koyo cempaka sawakul",
"jawa": "Tansah disenengi wong akèh"
},
"92": {
"paribasa": "Kaya banyu karo lenga",
"jawa": "Wong kang ora bisa rukun"
},
"93": {
"paribasa": "Kakèhan gludhug kurang udan",
"jawa": "Akèh omongé ora ana nyatané"
},
"94": {
"paribasa": "Kabanjiran sagara madu",
"jawa": "Nemu kabegjan kang gedhé banget"
},
"95": {
"paribasa": "Kebat kliwat gancang pincang",
"jawa": "Tumindak sarwa kasusu asilé mesthi ora kabeneran"
},
"96": {
"paribasa": "Kebo bulé mati sétra",
"jawa": "Wong pinter nanging ora ana sing merlokaké"
},
"97": {
"paribasa": "Kebo ilang tombok kandhang",
"jawa": "Wis kilangan, ngetokaké wragat manèh kanggo nggolèki, malah ora katemu pisan"
},
"98": {
"paribasa": "Kebo kabotan sungu",
"jawa": "Rekasa marga kakèhan anak"
},
"99": {
"paribasa": "Kebo lumumpat ing palang",
"jawa": "Ngadili prakara ora nganggo waton"
},
"100": {
"paribasa": "Kebo mulih menyang kandhangé",
"jawa": "Wong lunga adoh bali menyang omah manèh"
},
"101": {
"paribasa": "Kebo nusu gudel",
"jawa": "Wong tuwa jaluk wuruk wong enom"
},
"102": {
"paribasa": "Kegedhen empyak kurang cagak",
"jawa": "Kagedhèn kakarepan nanging kurang sembada"
},
"103": {
"paribasa": "Kajugrugan gunung menyan",
"jawa": "Oleh kabegjan kang gedhé banget"
},
"104": {
"paribasa": "Kakudhung welulang macan",
"jawa": "Ngapusi nganggo jeneng wong kang diwedèni"
},
"105": {
"paribasa": "Kalacak kapathak",
"jawa": "Ora bisa mungkir, jalaran wis kabuktèn"
},
"106": {
"paribasa": "Kena iwaké aja nganti butheg banyuné",
"jawa": "Kang dikarepaké kalakon naning aja nganti gawé rusak"
},
"107": {
"paribasa": "Kencana katon wingka",
"jawa": "Sanajan apik nanging ora disenengi"
},
"108": {
"paribasa": "Kendel ngringkel",
"jawa": "Ngaku kendel tur pinter jebu1 jirih tur bodho"
},
"109": {
"paribasa": "Kenès ora ethes",
"jawa": "Wong sugih umuk nanging bodho"
},
"110": {
"paribasa": "Keplok ora tombok",
"jawa": "Wong senengé maido, ora gelem mélu cawé-cawé"
},
"111": {
"paribasa": "Kéré munggah balé",
"jawa": "Batur dipek bojo karo bendaran"
},
"112": {
"paribasa": "Kéré nemoni malem",
"jawa": "Wong kang bedhigasan"
},
"113": {
"paribasa": "Kerot ora duwé untu",
"jawa": "Duwé kakarepan nanging ora duwé wragat"
},
"114": {
"paribasa": "Karubuhan gunung",
"jawa": "Wong nemoni kasusahan kang gedhé banget"
},
"115": {
"paribasa": "Kasandhung ing rata, kabentus ing tawang",
"jawa": "Olèh cilaka kang ora dinyana-nyana"
},
"116": {
"paribasa": "Katula-tula katali",
"jawa": "Wong kang tansah nandhang sengsara"
},
"117": {
"paribasa": "Kethèk saranggon",
"jawa": "Kumpulan wong kang tindak ala"
},
"118": {
"paribasa": "Kléyang kabur kanginan",
"jawa": "Lunga ora karuwan jujugé"
},
"119": {
"paribasa": "Klenthing wadah masin",
"jawa": "Angèl ninggalaké pakulinan tumindak ala"
},
"120": {
"paribasa": "Kongsi jambul wanèn",
"jawa": "Nganti tumekan tuwa banget"
},
"121": {
"paribasa": "Krokot ing galeng",
"jawa": "Wong kang mlarat banget"
},
"122": {
"paribasa": "Kriwikan dadi grojogan",
"jawa": "Prakara kang mauné cilik dadi gedhé"
},
"123": {
"paribasa": "Kumenthus ora pecus",
"jawa": "Seneng umuk nanging ora sembada"
},
"124": {
"paribasa": "Kurung munggah lumbung",
"jawa": "Wong cilik didadèkaké wong gedhé"
},
"125": {
"paribasa": "Kuthuk nggèndhong kemiri",
"jawa": "Nganggo kang sarwa apik, liwat dalan kang mbebayani"
},
"126": {
"paribasa": "Kutuk rnarani sunduk",
"jawa": "Njarag marani bebaya"
},
"127": {
"paribasa": "Kuncung nganti tuméka gelung",
"jawa": "Suwé banget anggoné entèni"
},
"128": {
"paribasa": "Lali karo baruté",
"jawa": ""
},
"129": {
"paribasa": "Ladhak kacocog eri",
"jawa": ""
},
"130": {
"paribasa": "Lahang karoban manis",
"jawa": "Bagus/ayu rupané tur luhur bebudèné"
},
"131": {
"paribasa": "Lambé satumang kari samerang",
"jawa": "Dituturi bola-bali meksa ora digugu"
},
"132": {
"paribasa": "Lanang kemangi",
"jawa": "Wong lanang kang jirih"
},
"133": {
"paribasa": "Legan golèk momongan",
"jawa": ""
},
"134": {
"paribasa": "Lumpuh ngideri jagad",
"jawa": "Duwé kakarepan kang mokal katurutan"
},
"135": {
"paribasa": "Maju tatu mundur ajur",
"jawa": "Prakara kang sarwa pakéwuh"
},
"136": {
"paribasa": "Matang tuna numbak luput",
"jawa": "Tansah luput kabèh panggayuhané"
},
"137": {
"paribasa": "Manuk emprit abuntut bedhug",
"jawa": "Wong kang senéng gawé prakara alit digedhé-gedhékaké"
},
"138": {
"paribasa": "Meneng widara uleran",
"jawa": "Katon anteng nanging sajatiné ala atiné"
},
"139": {
"paribasa": "Menthung koja kena sembaginé",
"jawa": "Rumangsané ngapusi, nanging sajatiné malah kena apus"
},
"140": {
"paribasa": "Merangi tatal",
"jawa": "Mbalèni pakaryan kang wus rampung"
},
"141": {
"paribasa": "Melok nanging aja nyolok",
"jawa": "Wong urip aja nganti seneng pamèr"
},
"142": {
"paribasa": "Mikul dhuwur, mendhem jero",
"jawa": "Bisa njunjung drajaté wong tuwa"
},
"143": {
"paribasa": "Mrojol selaning garu",
"jawa": "Linuwih (pinunjul ing kawruh) lan langka sing madhani"
},
"144": {
"paribasa": "Mulat sarira angrasa wani, rumangsa mèlu andarbèni, wajib mèlu angrukebi",
"jawa": "Wani mawas dhiri, rumangsa mèlu nduwé lan njaga apa kang ana"
},
"145": {
"paribasa": "Nabok nyilih tangan",
"jawa": "Tumindak ala kanthi kongkon wong liya"
},
"146": {
"paribasa": "Nawu lintang",
"jawa": "Tumindak kang angèl dilakoni (tangèh lamun)."
},
"147": {
"paribasa": "Nagara mawa tata, désa mawa cara",
"jawa": "Sesami manungsa ingkang gesang wonten ing pundi kémawon saged ngurmati dhumateng martabat tiyang sanesipun"
},
"148": {
"paribasa": "Ngagar metu kawul",
"jawa": "Ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan"
},
"149": {
"paribasa": "Ngemut legining gula",
"jawa": "Bareng karasa kapénak, lali asalé"
},
"150": {
"paribasa": "Nglungguhi klasa gumelar",
"jawa": "Wong asor bisa ngalahaké wong luhur (gedhé) nganti gawé kagèt wong akèh"
},
"151": {
"paribasa": "Nguyahi banyu segara",
"jawa": "Nglakokaké barang sing ora ana gunané"
},
"152": {
"paribasa": "Ngrusak pager ayu",
"jawa": "Ngrebut bojoné wong"
},
"153": {
"paribasa": "Ngundhuh wohing pakarti",
"jawa": "Wong bakal nampa wales apa kang ditindakaké"
},
"154": {
"paribasa": "Nguthik-uthik macan dhédhé",
"jawa": "Njarag wong kang wis lilih nepsuné"
},
"155": {
"paribasa": "Nucuk ngiberaké",
"jawa": "Wis disuguh, mulihé nyangking suguhan (brekat)"
},
"156": {
"paribasa": "Nututi layangan pedhot",
"jawa": "Ngupaya barang sepélé sing wis ilang"
},
"157": {
"paribasa": "Nyangoni kawula minggat",
"jawa": "Ndandani barang kang pijer rusak"
},
"158": {
"paribasa": "Nyunggi lumpang kenthèng",
"jawa": "Luwih becik rekasa dhisik, ing tembé mburiné bakal kapénak"
},
"159": {
"paribasa": "Obor blarak",
"jawa": "Pagawéyan kang mung grengseng sedhela waé"
},
"160": {
"paribasa": "Opor bèbèk mentas awaké dhéwé",
"jawa": "Rampung saka rekadayané dhéwé"
},
"161": {
"paribasa": "Ora gonja ora unus",
"jawa": "Wong sing ala rupané, atiné uga ala"
},
"162": {
"paribasa": "Ora mambu enthong irus",
"jawa": "Dudu sanak dudu kadang"
},
"163": {
"paribasa": "Ora ana banyu mili mendhuwur",
"jawa": "Wataké anak adaté niru wong tuwané"
},
"164": {
"paribasa": "Ora ana kukus tanpa geni",
"jawa": "Ora ana tundhon tanpa ana larahé"
},
"165": {
"paribasa": "Ora tembung ora tawung",
"jawa": "Njupuk barangé liyan tanpa kandha dhisik"
},
"166": {
"paribasa": "Ora uwur ora sembur",
"jawa": "Ora gelem cawé-cawé babar pisan"
},
"167": {
"paribasa": "Othak athik gathuk",
"jawa": "Nggothak-nggathukaké kahanan kang dumadi saéngga cocog, kamangka durung karuwan ana hubungané"
},
"168": {
"paribasa": "Othak athik didudut angel",
"jawa": "Rembugé sajak kapénak bareng ditandangi jebulé angèl"
},
"169": {
"paribasa": "Pakulinan iku kodrat sing kapindho",
"jawa": "Yèn nglakokaké barang tartamtu ora usah dipikir manèh"
},
"170": {
"paribasa": "Palang mangan tanduran",
"jawa": "Wong sing diprecaya malah ngrusak"
},
"171": {
"paribasa": "Pitik trondhol diumbar ing padaringan",
"jawa": "Wong ala dipasrahi tunggu barang aji"
},
"172": {
"paribasa": "Pupur sadurungé benjut",
"jawa": "Ngati-ati mumpung durung cilaka"
},
"173": {
"paribasa": "Rawé-rawé rantas malang-malang putung",
"jawa": "Apa-apa sing ngalangi ing patujon kudu dibabad entèk"
},
"174": {
"paribasa": "Rebut balung tanpa isi",
"jawa": "Regejegan perkara kang sepélé"
},
"175": {
"paribasa": "Rindhik asu digitik",
"jawa": "Dikongkon nglakoni gawéan sing cocog karo karepé"
},
"176": {
"paribasa": "Sabaya pati sabaya mukti",
"jawa": "Rukun nganti tekaning pati"
},
"177": {
"paribasa": "Sadumuk bathuk sanyari bumi",
"jawa": "Ajining dhiri lan panggonan bakal dibéla mati-matian"
},
"178": {
"paribasa": "Sandhing kebo gupak",
"jawa": ""
},
"179": {
"paribasa": "Sapa gawé nganggo",
"jawa": "Samubarang bakal mènèhi pituwas marang sing nglakoni"
},
"180": {
"paribasa": "Sapa sira sapa ingsun",
"jawa": "Aja waton ngguroni utawa mréntah wong liya"
},
"181": {
"paribasa": "Sapa sing salah bakal sèlèh",
"jawa": "Sapa sing salah bakal konangan"
},
"182": {
"paribasa": "Sadhakep awé-awé",
"jawa": "Marèni tumindak ala nanging isih kapingin tumindak manèh"
},
"183": {
"paribasa": "Sembur sembur adus siram siram bayem",
"jawa": "Bisa kaleksanan jalaran pandungané wong akèh"
},
"184": {
"paribasa": "Sepi ing pamrih ramé ing gawé",
"jawa": "Seneng tumindak becik marang wong liya tanpa ngarep-arep piwales"
},
"185": {
"paribasa": "Sing bisa rumangsa aja rumangsa bisa",
"jawa": ""
},
"186": {
"paribasa": "Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasoraké",
"jawa": "Manungsa kang sugih ing budi"
},
"187": {
"paribasa": "Sumur golèk timba",
"jawa": ""
},
"188": {
"paribasa": "Téga larané ora téga patiné",
"jawa": "Téga nglarani, nanging ora téga yèn nganti blai (mati)"
},
"189": {
"paribasa": "Tembang rawat-rawat ujaré bakul sinamberawa",
"jawa": "Kabar kang durung mesthi bener lan luputé"
},
"190": {
"paribasa": "Timun jinara",
"jawa": "Prakara gampang banget"
},
"191": {
"paribasa": "Timun mungsuh durèn",
"jawa": "Wong cilik mungsuh panguwasa"
},
"192": {
"paribasa": "Timun wungkuk jaga imbuh",
"jawa": "Kanggo jagan yèn ana kurangé"
},
"193": {
"paribasa": "Tinggal glanggang colong playu",
"jawa": "Kaplayu saka tanggung jawab"
},
"194": {
"paribasa": "Tumbak cucukan",
"jawa": "Wong sing seneng wadulan"
},
"195": {
"paribasa": "Tumbu olèh tutup",
"jawa": "Wong kakancan sing cocok banget"
},
"196": {
"paribasa": "Tuna sathak bathi sanak",
"jawa": "Tuna bandha nanging bathi olèh sadulur"
},
"197": {
"paribasa": "Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati",
"jawa": "Turunané wong cilik dadi wong gedhé, turunané wong gedhé dadi wong cilik"
},
"198": {
"paribasa": "Tulung menthung",
"jawa": "Ditulungi malah ngrusuhi."
},
"199": {
"paribasa": "Ubaya saksi",
"jawa": "Wong kang janji sumedya mènèhi kakucah marang saksi"
},
"200": {
"paribasa": "Ubut saksi",
"jawa": "Wong prekaran tanpa nampik saksi"
},
"201": {
"paribasa": "Udan gemblong omahé wong, udan gaplèk omahé dhéwé",
"jawa": "Saapik-apiké omahé wong liya isih luwih becik yèn manggon ing omahé dhéwé"
},
"202": {
"paribasa": "Ulah semu",
"jawa": "Nandukaké pratingkah sing sinamon ing pasemon praèn"
},
"203": {
"paribasa": "Ujaring wong pepasaran",
"jawa": "Kabar sing ora genah asal usulé karo parané"
},
"204": {
"paribasa": "Ula marani gebug",
"jawa": "Nemaha marang kacilakan"
},
"205": {
"paribasa": "Ulangan cumbon",
"jawa": ""
},
"206": {
"paribasa": "Ulat madhep ati arép",
"jawa": ""
},
"207": {
"paribasa": "Ula-ula dawa",
"jawa": ""
},
"208": {
"paribasa": "Undhaking pawarta sudaning kiriman",
"jawa": ""
},
"209": {
"paribasa": "Undhaking pawarta sudaning titipan",
"jawa": ""
},
"210": {
"paribasa": "Undha usuk",
"jawa": ""
},
"211": {
"paribasa": "Ungak-ungak pager arang",
"jawa": "Ngisin-ngisinaké pokal gawéné"
},
"212": {
"paribasa": "Unjal angempan",
"jawa": ""
},
"213": {
"paribasa": "Upaya prabéda",
"jawa": ""
},
"214": {
"paribasa": "Upaya saksi",
"jawa": ""
},
"215": {
"paribasa": "Urik klelet candhu tiké",
"jawa": ""
},
"216": {
"paribasa": "Urun rembug",
"jawa": ""
},
"217": {
"paribasa": "Urun wudhu",
"jawa": ""
},
"218": {
"paribasa": "Usung-usung lumbung",
"jawa": ""
},
"219": {
"paribasa": "Utangé nurut wulu",
"jawa": "Wong sing utangé akèh banget"
},
"220": {
"paribasa": "Utang lara nyaur lara utang pati nyaur pati",
"jawa": "Wong sing arep mbales sakemengé"
},
"221": {
"paribasa": "Utang nyaur nyilih ambalèkaké",
"jawa": "Wong iku kudu netepi kawajibané"
},
"222": {
"paribasa": "Uwot gedebog",
"jawa": "Wong sing ngundani kasaguhané awaké dhéwé"
},
"223": {
"paribasa": "Uyah kacemplung segara",
"jawa": "Mènèhi wong sing wis sugih"
},
"224": {
"paribasa": "Wastra bedhah kayu pokah",
"jawa": "Tiyang nandhang tatu, babak kulité, putung balungé (wong ketula-tula uripé)"
},
"225": {
"paribasa": "Watra lungsèt ing sampiran",
"jawa": "Tiyang pintèr ora diguroni, Tiyang sanés ingkang ala dipanuti nganti tuwa"
},
"226": {
"paribasa": "Wedi rai wani silit",
"jawa": "Waniné mung saka mburi, wedi yèn adhep-adhepan"
},
"227": {
"paribasa": "Wédhus diumbar ing pakacangan",
"jawa": "Tiyang mlarat dipércaya njaga barang pakarèmané"
},
"228": {
"paribasa": "Wèlsa tanpa alis",
"jawa": "Badhé tetulung (mélasi) wong liya nanging malah dadi bilainé"
},
"229": {
"paribasa": "Wéruh ing grubyug, ora wéruh ing rémbug",
"jawa": "Melu-melu tumindak nanging ora ngérti kang dikarepaké"
},
"230": {
"paribasa": "Wis kebak sundukané",
"jawa": "Wong sing akèh banget kaluputané"
},
"231": {
"paribasa": "Witing tresna jalaran saka kulina",
"jawa": "Bisa dadi tresna amarga kulina"
},
"232": {
"paribasa": "Wiwit kuncung nganti gelung",
"jawa": "Wiwit cilik nganti gedhé"
},
"233": {
"paribasa": "Wong mati ninggal jéneng",
"jawa": ""
},
"234": {
"paribasa": "Wong wadon cowek gopél",
"jawa": "Drajating wong wadon kang ora pangaji"
},
"235": {
"paribasa": "Yitna yuwana léna kena",
"jawa": "Wong sing ngati-ati bakal nemu slamet, sing sembrana bakal nemoni cilaka"
},
"236": {
"paribasa": "Yiyidan mungging rampadan",
"jawa": "Biyèné wong durjana saiki dadi wong sing alim"
},
"237": {
"paribasa": "Yoga anyangga yogi",
"jawa": "Murid nirokaké piwulangé guru"
},
"238": {
"paribasa": "Yuyu rumpung mbarong rongé",
"jawa": "Omahé magrong nanging sajatiné mlarat"
}
}